Minggu, 12 Desember 2010

secuil pitutur

gatra lan wilangan wus morat marit ing kertas kang tak genggem iki
sudi pinulis amburadule negara kang tresnani
wangsulana resi, piye anggonmu mlaku
montang manting ketubruk derese globalisasi
omah ku omah mu, wus ora ono kang dadi pinuduh
becik ala, wis ilang di bayar atusan ewu

bocah luwih seneng padu tinimbang golek ilmu
lha nggo opo ilmu? nek ono ijazah kang bisa di tuku

duh nagari ku kang katundung bencana
sayektine dadi pituduh ben kowe luwih sembada
luwih wicaksana nguripi sudra papeki
ora mur di untali para mentri

lambe mur dadi lambe
mboh trep, mboh apus-apus tetep metune saka lambe
tulisan iki dudu aji-aji kang sekti apa medeni
mung secuil pitutur, supaya mlaku dada perkeleng

november, ing wengi kang gondeli
fadli a.a